Selasa, 13 September 2016

Sektine Donga ( Cerkak Jawa )

Sektine Donga

Dening : Muhammad Thoriq Al - Firdaus

Dina iki dina sing nyeingna kanggo Supri. Dina iki dina kapisanane pasa. Kanggo Supri, bulan pasa yaiku bulan sing paling Kinacek. Saben sawis buka pasa, Supri lan kanca-kancane budhal menyang Mesjid kanggo sholat Maghrib bebarengan. Lan dolanan ing ngarep Mesjid sak wise sholat Maghrib.
            “Mbok, Supri bidhal datheng mesjid rumiyen nggih? Ngendikane Supri datheng Simbok. “Iya Priiii sing ati-ati aja mulih bengi - bengi !” Wangsulane Simbok. Eling aja dolanan mercon yo?, kembang geni oleh wae,” Wangsulane Simbok.

            “ Inggih Mbok kulo badhene ngaji mboten amengan Mercon “ Ngendikane Supri datheng Simbok lan Supri ngucapake salam. “Assalamu'alikum,”.”Waalaikum'salam,” Wangsulane Simbok. “Wis Prii ndang budhal menyang Mesjid” Wangsulane Simbok menyang Supri sing isih ing omah.
“Aku iki pancene dedel lan ora godak ngaji wes 6 tahun suwine sinau moco Al-Quran lan ngapalake donga nanging ora godak ngaji” Batine Supri nek atine pas mlaku menyang mesjid. “ Supri kudu luwih mempeng ngajine lan kudu luweh bisa Tajwide”. Wangsulane Supri menyang dheweke.
            Sawise teko Mesjid Supri kaget amarga ora ana sapa-sapa ing Mesjid. “Endi kanca-kancaku ya?” Batine Supri. “Ah, menawa kabeh ana ing warung,” Batine Supri lan Supri menyang warung sing cedhak karo Mesjid. Nalika ing warung. ora ana sapa - sapa, kanca-kancane Supri ora lagi ana ing warung.
            “Ten Minten arek-arek mau ing warung ga ?” takone Supri menyang Juminten anake Mbak Sri sing nduwe warung. “Lha Priii apa ogak, ndek wingi arek - arek wis omong yen umpama arep sholat ing mesjid etan, lha nyapo sampean ing mesjid kulon ,” Wangsulane Juminten. “Ohh iya Ten… Minten lali aku ” Wangsulane Supri.
“Allaahu akbar, allaahu akbar (2x)…..” Swantene Pak Mis ingkang Adzan Maghrib sampun midhanget. “Yo wes Ten, Pak Mis wes Adzan Mahrib aku sholat ing Mesjid dhisek” Wangsulane Supri marang Juminten. Supri mlayu banter lan langsung ing mesjid.
Supri sholat Maghrib lan sholat tarawih dhewe amarga ora ana kancane.Ngajine pisan ora sida amarga ora ana sing mlebu padahal iki mau Supri wayahe apalan Ayat Kursi sing wes di apalake ping 100 nanging ora apal-apal.
Nalika sawise tarawih saka Mesjid, langsung mulih menyang omahe amarga Supri kelinga ngendikane Simbok yen ora oleh mulih Wengi-wengi. Dheweke mlaku dhewekkan mulih menyang omah kira-kira 600 meter saka Mesjid. Dalanan ning omahe peteng lan nyigar bentangan sawah, lan ing pucuk dalan ana papringan sing akeh lan ngedeni.

Dheweke mandheg ing tengahe dalan, keweden, amarga dheweke eling cerita kanca-kancane babagan kuntilanak sing nunggu papringan kuwi. Sing nggawene tambah wedi, amarga dheweke durung apal akeh dunga, sing utama sing kanggo minggatne setan .

            Suwe-suwe dheweke nyolot keweden, sadurung akhire dheweke niatke kanggo mlayu sak banter-bantere karo mbengok-bengok nyakake rasa wedine. Dumadakan, mak jleg Breeg! Metu Kuntilanak melet-melet ndudhuhake ilate sing dawa lan abang.

            Supri isih mandheg lan meneng ing panggon, mripate muter-muter madep ngisor nggoleki donga nek njero elingane, lan sing kawruhane mung donga sadurunge Mangan. amarga Kuntilanak tambah nyedhak, dheweke ora pikir meneh, terus macakne siji- sijine doa sing diapalake, yaiku donga sadurunge mangan.

            “Allahumma baarik lanaa fiimaa razaqtana wa qinaaadzaa-bannaar.” Ya Allah berkahke kulo rizki sing wis
panjeingan limpahake dumugi kita, lan aduhke saka siksa neraka. Aamiinnnnnnnn.

            Dumadakan. Si kuntilanak mandheg, ora sido melet. Sret! Digeret mlebu ilate, gemetar, lan muter cepet sak bablasan mlayu tunggang-langgang keweden. Karo ngos-ngosan dheweke ngomong “Asemane, Pisan iki sakumur-umur aku arep dipangan cah cilik.”Batine Kuntilanak.

0 komentar:

Posting Komentar

Blogger Widgets

Event

Event Baru : Cerkak Jawa ^_^

Komentar

MENU

Template Indonesia | CERKAK JAWA XII IPS 5
Aku cinta Indonesia