“Mbok, Supri bidhal datheng mesjid rumiyen nggih? “ Ngendikane Supri datheng Simbok. “Iya Priiii sing ati-ati aja mulih bengi - bengi !” Wangsulane Simbok. Eling aja dolanan mercon yo?, kembang geni oleh wae,” Wangsulane Simbok.
“ Inggih Mbok kulo badhene ngaji mboten amengan Mercon “ Ngendikane Supri datheng Simbok lan Supri ngucapake salam. “Assalamu'alikum,”.”Waalaikum'salam,” Wangsulane Simbok. “Wis Prii ndang budhal menyang Mesjid” Wangsulane Simbok menyang Supri sing isih ing omah.
Sawise teko Mesjid Supri kaget amarga ora ana sapa-sapa ing Mesjid. “Endi kanca-kancaku ya?” Batine Supri. “Ah, menawa kabeh ana ing warung,” Batine Supri lan Supri menyang warung sing cedhak karo Mesjid. Nalika ing warung. ora ana sapa - sapa, kanca-kancane Supri ora lagi ana ing warung.
“Ten Minten arek-arek mau ing warung ga ?” takone Supri menyang Juminten anake Mbak Sri sing nduwe warung. “Lha Priii apa ogak, ndek wingi arek - arek wis omong yen umpama arep sholat ing mesjid etan, lha nyapo sampean ing mesjid kulon ,” Wangsulane Juminten. “Ohh iya Ten… Minten lali aku ” Wangsulane Supri.
Suwe-suwe dheweke nyolot keweden, sadurung akhire dheweke niatke kanggo mlayu sak banter-bantere karo mbengok-bengok nyakake rasa wedine. Dumadakan, mak jleg Breeg! Metu Kuntilanak melet-melet ndudhuhake ilate sing dawa lan abang.
Supri isih mandheg lan meneng ing panggon, mripate muter-muter madep ngisor nggoleki donga nek njero elingane, lan sing kawruhane mung donga sadurunge Mangan. amarga Kuntilanak tambah nyedhak, dheweke ora pikir meneh, terus macakne siji- sijine doa sing diapalake, yaiku donga sadurunge mangan.
“Allahumma baarik lanaa fiimaa razaqtana wa qinaaadzaa-bannaar.” Ya Allah berkahke kulo rizki sing wis panjeingan limpahake dumugi kita, lan aduhke saka siksa neraka. Aamiinnnnnnnn.
Dumadakan. Si kuntilanak mandheg, ora sido melet. Sret! Digeret mlebu ilate, gemetar, lan muter cepet sak bablasan mlayu tunggang-langgang keweden. Karo ngos-ngosan dheweke ngomong “Asemane, Pisan iki sakumur-umur aku arep dipangan cah cilik.”Batine Kuntilanak.